Keputusan Sing Salah

Anadene Gusti Yesus dipoyoki dening wong-wong, kang padha nahan Panjenengane, sarta digebugi. Pasuryane ditutupi dening wong-wong lan disuwuni pirsa: “Coba, bedheken sapa kang nggebugi Kowe iku?” Aliya iku isih akeh maneh panguman-umane marang Panjenengane.

Bareng esuke para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Toret padha nganakake parepatan, Gusti Yesus banjur diladekake marang ngarsane pradataning agamane. Nuli didangu: “Manawa Kowe iki Sang Kristus, kandhaa marang aku kabeh.”

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku kandhaa marang kowe kabeh, kowe bakal padha ora ngandel; lan sanadyan Aku takona apa-apa, kowe kabeh bakal ora mangsuli. Wiwit saiki Putraning Manungsa wis lenggah ana ing satengening Allah Kang Mahakuwasa.” 

Wong-wong mau banjur padha calathu: “Yen mangkono, Kowe iku Putraning Allah?”

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe dhewe padha kandha, yen Aku iki Putraning Allah.” 

Banjur padha calathu: “Apa prelune kita isih padha golek paseksi maneh. Kita wis padha krungu dhewe saka pangucape.”


Ing kono kabeh warga pradata banjur padha ngadeg, Gusti Yesus diladekake marang ngarsane Sang Pilatus. Nuli wiwit padha nggugat, ature: “Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih Tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung, saha ngaken, bilih Piyambakipun punika Sang Ratu.” 

Sang Pilatus banjur ndangu marang Gusti Yesus: “Punapa Panjenengan punika Ratunipun tiyang Yahudi?”

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan piyambak sampun mastani.” 

Sang Pilatus nuli ngandika marang para pangareping imam lan marang wong akeh iku: “Tumraping aku wong iki ora tinemu kaluputane.” 

Nanging wong-wong mau saya banget panggugate, ature: “Tiyang punika damel balelanipun rakyat kalayan piwulangipun wonten ing tanah Yudea sadaya, kawiwitan wonten ing tanah Galilea, lan sapunika sampun dumugi ing ngriki.” 

Bareng midhanget atur mangkono iku Sang Pilatus banjur ndangu, apa Wong iku wong Galilea. Bareng mirsa yen Gusti Yesus iku kalebet bawahe Sang Prabu Herodhes, nuli kaladosake marang ngarsane Sang Prabu Herodhes, kang ing wektu iku pinuju ana ing kutha Yerusalem.

Bareng Sang Prabu Herodhes mirsa Gusti Yesus, banget renane, amarga wis suwe anggone kapengin mirsa, awit wis kerep mireng bab Panjenengane, apadene ngajeng-ajeng nguningani anggone nganakake pratandha. Akeh kang didangokake marang Gusti Yesus, nanging Panjenengane ora paring wangsulan sathithik-thithika. Nalika samana para pangareping imam lan para ahli Toret padha maju lan ngaturake panggugat-panggugat kang abot. Sang Prabu Herodhes dalah para prajurite banjur padha nglelingsem lan moyoki Panjenengane, tumuli diagemi jubah kang endah banget sarta banjur diwangsulake marang ngarsane Sang Pilatus. Ing dina iku uga Sang Prabu Herodhes karo Sang Pilatus banjur padha memitran, awit maune padha sesatron.

Sang Pilatus banjur nimbali para pangareping imam lan para panggedhe sarta wong akeh, padha kadhawuhan nglumpuk, nuli padha dipangandikani mangkene: “Kowe padha ngladekake Wong iki marang aku kokdakwa gawe balelaning rakyat. Kowe padha sumurup dhewe, yen wis dakpriksa, nanging mungguh ing aku bab kang kokgugatake kabeh tumrap Wong iku ora tinemu ana ing Dheweke. Dalasan Sang Nata Herodhes iya ora, sabab Wong iku banjur dibalekake mrene. Satemene apa kang ditindakake iku ora ana kang katrap ing paukuman pati. Mulane mung bakal dakajar, banjur dakluwari.” ( Sabab Panjenengane ing dina riyaya iku wajib ngluwari wong siji kanggo wong-wong mau.) 

Nanging wong kabeh mau tumuli padha nguwuh-uwuh bebarengan: “Kasirnakna Tiyang punika! Barabas kaluwarana!” Barabas iku kalebokake ing pakunjaran marga kasangkut ing pambrontakan ing sajroning kutha lan gawe pepati. 

Sang Pilatus ngandikani maneh marang wong-wong mau, karsane ngluwari Gusti Yesus. Nanging wong-wong padha mangsuli kanthi keras uga panguwuhe: “Kasaliba, kasaliba!” 

Pangandikane Sang Pilatus kang kaping telune: “Nglakoni piala apa ta Wong iki sabenere? Aku ora bisa nemokake kaluputane kang kena ing paukuman pati. Dadi mung bakal dakajar banjur dakluwari.” 

Nanging kalawan bengok-bengok wong-wong padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengane kasalib, lan wekasane wong-wong mau menang kalawan bengok-bengok iku. Sang Pilatus banjur ndhawuhake karampungan, panyuwune wong-wong mau dikabulake. Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokake ing pakunjaran marga kasangkut ing pambrontakan lan mateni wong, ngetrepi panyuwune wong-wong mau, dene Gusti Yesus nuli kapasrahake marang wong-wong mau ing sakarep-karepe.

Lukas

Pos ini dipublikasikan di Buku, Katresnan, Sastra, Urip dan tag , , , , , , , , , , , , . Tandai permalink.