Nggoleki

Ing saben taun samangsa riyaya Paskah, rama-ibune Gusti Yesus menyang ing Yerusalem. Bareng Gusti Yesus wis yuswa rolas taun, padha menyang Yerusalem kaya adate yen pinuju dina gedhe iku. 

Salebare pahargyan, nalika padha mulih, Gusti Yesus kantun ana ing Yerusalem, rama-ibune ora sumurup. Sarehne dikira yen Panjenengane awor karo wong-wong sing padha mulih tunggal dalan, mulane padha mbacutake lakune nganti sadina, banjur padha nggoleki Panjenengane ana ing antarane para sanak kadang lan para pitepungane. Bareng ora ketemu, banjur padha bali menyang Yerusalem karo nggoleki terus. 

Kacarita sawise telung dina ketemu ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahe para alim-ulama, mirengake piwulange, sarta tetaken. Kabeh wong kang ngrungokake pangandikane padha kaeraman marang kapinterane lan wangsulane. Bareng rama-ibune weruh padha njenger. Kang ibu banjur calathu marang Panjenengane: “Angger, yagene Kowe kok mangkono marang aku. Bapakmu lan aku padha nggoleki Kowe kalawan susah.” 

Ature marang rama-ibune: “Punapaa dene panjenengan madosi Kula? Panjenengan punapa boten mirsa, bilih Kula kawajiban wonten ing dalemipun Rama Kula?” Rama-ibune padha ora nyandhak marang apa kang dipangandikakake iku. 

Panjenengane banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang ing Nasaret; sabanjure Panjenengane lestantun kaemong dening rama-ibune. Dene kang ibu nyathet prakara iku mau kabeh ana ing sajroning atine.

Kacarita Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa.

Lukas

Pos ini dipublikasikan di Buku, Katresnan, Sastra, Urip dan tag , , , , , . Tandai permalink.