Arsip Kategori: Sastra

Katrangan

Bareng ing dina riyaya Pentekosta, kabeh wong padha nglumpuk.  Dumadakan ana swara saka ing langit, saemper sumiyuting angin gedhe, kang ngebeki saomah kang kanggo lelungguhan, banjur padha ndeleng ilat-ilatan kaya urubing geni, kang ambyar lan nibani sawiji-wijining wong mau kabeh. Tumuli kabeh … Baca lebih lanjut

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Katrangan

Ngenteni Janji

Sang Teofilus, ing serat kula ingkang kapisan, kula nyariyosaken sadaya pakaryan lan piwulangipun Gusti Yesus, ngantos dumugi ing dinten anggenipun kasengkakaken. Saderengipun Panjenenganipun sampun paring dhawuh lumantar Sang Roh Suci dhateng para rasul pepilihanipun. Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng … Baca lebih lanjut

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Ngenteni Janji

Bungah lan Gumun

Ananging bareng dina kapisan ing minggu iku, ing wayah esuk umun-umun, wong-wong wadon mau padha menyang ing pasarean, karo nggawa anggi-anggi kang wis dicawisake. Watune tinemu wis kaglimpangake saka ing pasarean. Bareng padha lumebu, layone Gusti Yesus ora ketemu. Nalika lagi padha … Baca lebih lanjut

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Bungah lan Gumun

Sedanipun Gusti Yesus

Nalika padha ngirid Gusti Yesus iku, ana wong kang jenenge Simon, saka ing kutha Kirene, kang lagi teka bae saka ing jaban kutha, iku diandheg banjur dikon manggul salibe lan mlaku ing wingkinge Gusti Yesus. Sarta ana wong akeh kang padha … Baca lebih lanjut

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Sedanipun Gusti Yesus

Keputusan Sing Salah

Anadene Gusti Yesus dipoyoki dening wong-wong, kang padha nahan Panjenengane, sarta digebugi. Pasuryane ditutupi dening wong-wong lan disuwuni pirsa: “Coba, bedheken sapa kang nggebugi Kowe iku?” Aliya iku isih akeh maneh panguman-umane marang Panjenengane. Bareng esuke para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping … Baca lebih lanjut

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Keputusan Sing Salah

Pengkhianatan

Gusti Yesus banjur miyos tedhak menyang ing gunung Zaitun kaya adate, kadherekake dening para sakabate uga. Sarawuhe ing kono, para sakabate padha dipangandikani: “Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebu ing panggodha.”  Panjenengane banjur misah dohe kira-kira sapambalang, nuli jengkeng ndedonga, ature: “Dhuh … Baca lebih lanjut

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Pengkhianatan

Janji Anyar

Nalika samana wis ngarepake riyaya Roti Tanpa Ragi, kang aran Paskah. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan, anggone bisa nyedani Panjenengane, amarga padha wedi karo wong akeh. Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalane sakabat rolas tumuli kasurupan dening … Baca lebih lanjut

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Janji Anyar

Tetep Mantep

Bareng Gusti Yesus tumenga, mirsa wong-wong sugih padha nglebokake pisungsunge ana ing pethi pisungsung. Tumuli iya mirsani randha miskin kang nglebokake pisungsung rong igar.  Banjur ngandika: “Aku pitutur marang kowe: Satemene kang dipisungsungake randha miskin iku luwih akeh katimbang wong … Baca lebih lanjut

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Tetep Mantep

Babagan Masa Depan

Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara. Wong-wong mau padha ngaturake pitakonan marang Panjenengane mangkene: “Guru, kula … Baca lebih lanjut

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Babagan Masa Depan

Mung Siji Pitakonan

Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang marang wong akeh ana ing Padaleman Suci sarta martakake Injil, para pangareping imam, para ahli Toret lan para pinituwa padha sowan ing ngarsane tuwin munjuk marang Gusti Yesus: “Kula sami kapangandikanana, menggah … Baca lebih lanjut

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Mung Siji Pitakonan