Katrangan

Bareng ing dina riyaya Pentekosta, kabeh wong padha nglumpuk. 

Dumadakan ana swara saka ing langit, saemper sumiyuting angin gedhe, kang ngebeki saomah kang kanggo lelungguhan, banjur padha ndeleng ilat-ilatan kaya urubing geni, kang ambyar lan nibani sawiji-wijining wong mau kabeh. Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, bab kang kawisikake dening Roh supaya kalairake.

Nalika samana ing Yerusalem ana wong-wong Yahudi kang saleh saka sarupaning bangsa ing sangisoring langit. Bareng ana swara mangkono mau, tumuli wong akeh padha teka kumrubut sarta padha kuwur atine, amarga saben wong krungu para rasul padha ngandika ngagem basane wong-wong mau. Kabeh padha njenger kaeraman, banjur padha calathu: “Apa sing padha caturan iku dudu wong Galilea? Kapriye dene kita dhewe-dhewe padha krungu anggone caturan nganggo basa kita dhewe, yaiku basa kang kita anggo ana ing nagara asal kita: kita iki wong Partia, Media, Elam, kang padha manggon ing Mesopotamia, Yudea lan Kapadhokia, Pontus lan Asia, Frigia lan Pamfilia, Mesir lan ing wewengkone tanah Libia kang cedhak karo Kirene, wong-wong neneka saka ing nagara Rum, iya wong Yahudi iya wong kang manjing agama Yahudi, wong Kreta lan wong Arab, kita krungu wong-wong iku padha calathu nganggo basa kita dhewe-dhewe bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakake dening Gusti Allah.” Kabeh padha kaeraman sarta bingung lan padha sapocapan mangkene: “Apa ta tegese iki?”

Nanging wong liyane ana kang ngece, calathune: “Wong iku rak padha mendem anggur manis.”

Rasul Petrus tumuli jumeneng dalah para kanthine sawelas, sarta ngandika kalawan swara sora marang wong-wong mau: “Para sadherek Yahudi saha panjenengan sadaya ingkang sami dedalem ing kitha Yerusalem, mugi sami nguninganana saha kula aturi midhangetaken atur kula. Tiyang-tiyang punika boten sami mendem, kados panginten panjenengan, amargi sapunika saweg jam sanga. Nanging inggih punika ingkang kapangandikakaken dening Gusti Allah lumantar Nabi Yoel makaten: Besuk ing dina-dina kang wekasan – mangkono pangandikaning Allah – Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang sakabehing manungsa; anak-anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit, lan wong nom-nomanira bakal padha ndeleng wahyu, sarta wong-wongira kang wis tuwa bakal padha oleh impen. Uga para abdiningSun lanang lan wadon bakal Sunesoki RohingSun ing dina-dina iku, lan bakal padha medhar wangsit. Sarta Ingsun bakal nganakake mukjijat-mukjijat ana ing dhuwur, ana ing langit lan pratandha-pratandha ana ing ngisor, ana ing bumi: getih lan geni sarta kumeluning pega. Srengenge bakal salin dadi peteng ndhedhet lan rembulan bakal dadi getih sadurunge dinaning Pangeran kang agung lan luhur iku teka. Anadene saben wong kang nyebut asmaning Pangeran iku bakal kapitulungan rahayu.

Para sadherek Israel, kula aturi midhangetaken atur kula punika: Ingkang kula kajengaken inggih punika Gusti Yesus saking Nasaret, satunggaling priya ingkang sampun kapiji dening Gusti Allah saha ingkang sampun katelakaken dhateng panjenengan sadaya kaliyan kasekten-kasekten, tuwin mukjijat-mukjijat sarta pratandha-pratandha ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah lumantar Panjenenganipun wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdene ingkang sampun panjenengan uningani. Panjenenganipun ingkang kaulungaken dening Gusti Allah miturut karsa saha rancanganipun punika sampun panjenengan salib sarta panjenengan sedani lumantar tanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka. Nanging lajeng kawungokaken dening Gusti Allah, kauwalaken saking sangsaraning pejah, amargi boten badhe Panjenenganipun lestantun kawengku dening panguwaosing pejah punika. Awit Sang Prabu Dawud ngandika ing bab Panjenenganipun makaten: Aku tansah mandeng marang Pangeran, amarga Panjenengane jumeneng ing tengenku, satemah aku ora keguh. Mulane atiku asukarena lan jiwaku asurak-surak; malah badanku bakal lerem kalawan tentrem, amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng jagadipun tiyang pejah, sarta boten negakaken Abdi Paduka ingkang suci ngalami risak. Paduka paring sumerep dhateng kawula bab margining gesang; Paduka badhe ngluberaken kabingahan dhateng kawula wonten ing pangayunan Paduka.

Para sadherek, kula keparenga matur dhateng panjenengan sadaya kalayan ngeblak bab Sang Prabu Dawud, leluhuripun bangsa kita. Panjenenganipun sampun seda saha kasarekaken, saha pasareanipun dumugi ing dinten punika taksih wonten. Nanging panjenenganipun punika satunggaling nabi saha mirsa, bilih Gusti Allah sampun paring prajanji dhateng panjenenganipun kalayan supaos, bilih Gusti Allah badhe nglenggahaken satunggaling tedhakipun Sang Prabu Dawud piyambak wonten ing dhamparipun. Margi saking punika panjenenganipun uninga saderengipun saha ngandika bab wungunipun Sang Mesih, inggih punika nalika ngandika, bilih panjenenganipun boten dipun tegakaken wonten ing jagadipun tiyang pejah, saha bilih sariranipun boten badhe risak. Inggih Gusti Yesus punika ingkang kawungokaken dening Gusti Allah, saha bab punika kula sadaya ingkang sami dados seksinipun. Punapadene sareng Panjenenganipun sampun jinunjung dening astanipun tengen Gusti Allah tuwin tampi Roh Suci ingkang kaprasetyakaken punika, Panjenenganipun lajeng ngesokaken punapa ingkang sampun panjenengan uningani saha panjenengan pireng wonten ing ngriki. Amargi sanes Sang Prabu Dawud ingkang minggah dhateng swarga, malah Sang Prabu Dawud piyambak ngandika makaten: Pangeran wus ngandika marang Gustiku: Sira lenggaha ing satengeningSun, nganti tumeka mungsuhira kabeh wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.

Awit saking punika rakyat Israel sadaya kedah mangretos kalayan saestu, bilih Gusti Allah sampun njumenengaken Gusti Yesus ingkang panjenengan salib punika, dados Gusti lan Kristus.”

Bareng wong-wong padha krungu pangandika mangkono mau, atine trenyuh, banjur padha matur pitakon marang Rasul Petrus lan para rasul liyane: “Para sadherek, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?” 

Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci. Awitdene ingkang kaparingan prajanji punika panjenengan sadaya saha para putra panjenengan tuwin tiyang-tiyang ingkang taksih tebih sadaya, sapinten ingkang badhe tinimbalan dening Pangeran Allah kita.” 

Tuwin kalawan pangandika-pangandika liyane akeh maneh panjenengane paring paseksen kang sanyata marang wong-wong kabeh iku sarta padha diparingi pitutur, pangandikane: “Sami kula aturi sumingkir saking jinis ingkang kablinger punika.” Wong-wong kang nampani pangandikane, padha kabaptis. Ing dina iku cacahe siswa wuwuh watara telung ewu.

Wong-wong mau padha ngantepi ing piwulange para rasul lan anggone tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk, prelu nyuwil-nyuwil roti lan ndedonga.

Wong kabeh padha kadunungan rasa wedi, dene para rasul iku padha nganakake mukjijat lan pratandha akeh. Sarta kabeh wong kang pracaya padha lestari manunggal, kabeh barang darbeke padha dianggep duweke wong akeh. Apadene tansah ana panunggalane kang ngedol barang darbeke, banjur diedum-edumake marang wong kabeh, mawa-mawa kabutuhane. Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus, kambi memuji marang Gusti Allah, apadene padha disenengi ing wong sabangsa kabeh. Sarta maneh ing saben dinane cacahe diwuwuhi dening Gusti wong kang padha kapitulungan rahayu.

Lukas

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Katrangan

Ngenteni Janji

Sang Teofilus, ing serat kula ingkang kapisan, kula nyariyosaken sadaya pakaryan lan piwulangipun Gusti Yesus, ngantos dumugi ing dinten anggenipun kasengkakaken. Saderengipun Panjenenganipun sampun paring dhawuh lumantar Sang Roh Suci dhateng para rasul pepilihanipun. Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggenipun wongsal-wangsul ngatingal saha wawan pangandika bab Kratoning Allah kaliyan para rasul wau.

Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus dhahar bebarengan karo para rasul, iku padha ora diparengake ninggal kutha Yerusalem, sarta padha didhawuhi ana ing kono, ngenteni janjine Sang Rama, kang – mangkene pangandikane – “wis padha kokrungu saka Aku. Sabab Yokanan iku anggone mbaptis nganggo banyu, nanging ora suwe maneh kowe bakal padha kabaptis kalawan Roh Suci.”

Para rasul kang padha kumpul iku nuli matur pitakon: “Gusti, punapa sapunika anggen Paduka badhe mulihaken karajan kangge Israel?” 

Paring wangsulane: “Kowe ora prelu nyumurupi mangsa lan wektu, kang katamtokake dening Sang Rama piyambak, manut panguwaose. Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”

Sawuse ngandika mangkono, Panjenengane nuli sinengkakake, sineksen dening para rasul, banjur wis ora katingal, amarga kaaling-alingan mega. 

Nalika lagi padha tumenga ing langit ngawasake anggone Gusti sumengka iku, dumadakan ana priya loro jumeneng ing sacedhake, padha mangagem putih, kang tumuli mangandikani mangkene: “Heh, wong-wong Galilea, yagene kowe padha ngadeg tumenga marang langit? Gusti Yesus, kang sumengka marang ing swarga, nilar kowe kabeh iki, bakal rawuh maneh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengane minggah menyang ing swarga.”

Para rasul banjur padha bali menyang ing Yerusalem saka ing gunung Zaitun, kang saka ing Yerusalem dohe mung salakon ing dina Sabat. Satekane ing kutha, nuli padha munggah menyang kamar ing dhuwur, kang dipondhoki, yaiku: Petrus lan Yokanan, Yakobus lan Andreas, Filipus lan Tomas, Bartolomeus lan Mateus, Yakobus anake Alfeus, lan Simon wong Zelot sarta Yudas anake Yakobus. Kabeh padha saiyeg anggone mempeng ing pandonga, bebarengan karo wanita sawatara sarta ibu Maryam, kang ibune Gusti Yesus, tuwin para sadhereke Gusti Yesus.

Ing nalika samana Rasul Petrus banjur jumeneng ana ing satengahe para sadulur, kang lagi padha nglumpuk, cacahe watara satus rong puluh, sarta ngandika: “He, para sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kang kalairake dening Sang Roh Suci lumantar Sang Prabu Dawud, iku kudu kayektenan, yaiku bab Yudas, kang dadi pangiride wong-wong kang nyekel Gusti Yesus. Maune iku klebu etung ana ing golonganku kabeh sarta melu nindakake bubuhan leladi iki. 

Yudas iku wus tuku palemahan sarana opahing pialane, banjur tiba kerungkeb, wetenge bedhah, nganti jeroane metu kabeh. Bab iku kasumurupan ing wong sa-Yerusalem kabeh, mulane palemahan mau banjur diarani nganggo basane wong-wong mau dhewe: “Hakal-Dama”, tegese Tanah-Getih. 

Sabab ing kitab Masmur ana kang tinulis mangkene: Pemahanipun dadosa suwung, sampun ngantos wonten ingkang ngenggeni. Sarta: Kalenggahanipun kapendheta dening tiyang sanes. Awit saka iku panunggalane kang tansah kekumpulan karo aku kabeh, sajrone Gusti Yesus tetunggilan karo aku iku, yaiku wiwit saka pambaptise Nabi Yokanan nganti tekan ing dina sumengkane Gusti Yesus menyang ing swarga, nilar aku kabeh, anaa siji kang diwuwuhake marang kita, supaya melu dadi seksi bab wungune.”

Wong-wong banjur ngusulake wong loro: Yusuf kang karan Barsabas lan kang uga karan Yustus, tuwin Matias. Kabeh nuli padha ndedonga lan munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya tiyang, mugi karsaa paring pitedah, tiyang kalih punika pundi ingkang Paduka pilih, supados nampeni kalenggahan lelados, inggih punika kalenggahan rasul, ingkang katilar dening Yudas, ingkang sampun dhumawah ing panggenan ingkang samesthinipun tumrap piyambakipun punika.” Banjur padha diundhi, satemah kang kena Matias. Iku nuli kagolongake karo para rasul sawelas.

Lukas

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Ngenteni Janji

Bungah lan Gumun

Ananging bareng dina kapisan ing minggu iku, ing wayah esuk umun-umun, wong-wong wadon mau padha menyang ing pasarean, karo nggawa anggi-anggi kang wis dicawisake. Watune tinemu wis kaglimpangake saka ing pasarean. Bareng padha lumebu, layone Gusti Yesus ora ketemu.

Nalika lagi padha ngadeg kalawan kuwur atine marga saka kaanan kang mangkono iku, dumadakan ana priya loro padha jumeneng ing cedhake, pangagemane mancorong. Wong-wong mau padha wedi lan padha tumungkul. Nanging priya loro mau nuli padha ngandika mangkene: “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati? Panjenengane ora ana ing kene, wis wungu. Elinga marang apa kang wus kapangandikakake marang kowe kabeh, nalika isih ana ing tanah Galilea, yaiku, yen Putraning Manungsa pinasthi kaulungake marang tanganing wong-wong dosa lan banjur kasalib, sarta wungu ing telung dinane.” Wong-wong wadon mau iya nuli kelingan marang pangandikane Gusti Yesus iku. 

Lan sabaline saka ing pasarean, banjur padha nyritakake iku kabeh marang sakabat sawelas lan marang sadulur liyane kabeh. Dene wong-wong wadon mau yaiku Maryam saka Magdala, lan Yohana sarta Maryam ibune Yakobus, tuwin wong-wong wadon liyane kang padha bebarengan uga nyritani marang para rasul. Nanging tembung-tembunge iku dianggep ngayawara, padha ora ngandel marang wong-wong wadon iku.

Ewasamono Petrus banjur ngadeg lan mangkat rerikatan menyang ing pasarean. Bareng nginguk manjero, mung weruh ulese thok. Nuli lunga lan mikir-mikir, apa ta kira-kira sing mentas kalakon iku.

Ing dina iku uga ana wong loro, panunggalane para sakabat, padha menyang ing desa kang aran Emaus, dohe saka ing Yerusalem watara pitung mil. Wong loro mau padha rasanan bab kabeh kang mentas kalakon. Nalika lagi padha rembugan lan bebantahan, Gusti Yesus piyambak rawuh nyelaki lan banjur nyarengi ing lakune. Nanging wong mau mripate padha kalimputan, mulane padha pangling karo Panjenengane. 

Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong loro iku: “Apa sing padha kokrembug sajrone lumaku iki?”

Banjur padha mandheg kalawan sedhih. Kang siji kang jenenge Kleopas, mangsuli: “Punapa namung Panjenengan piyambak tiyang manca ing Yerusalem, ingkang boten uninga bab ingkang mentas kelampahan wonten ing ngriku ing salebetipun sawatawis dinten punika?” 

Paring wangsulane: “Lelakon apa ta iku?”

Unjuke kang kadangu: “Lelampahanipun Sang Yesus Nasarani, ingkang jumeneng nabi, ingkang kuwaos ing pandamel saha ing pangandika wonten ing ngarsaning Allah sarta wonten ing ngajengipun bangsa kula sadaya. Nanging para pangajengipun imam saha para pangageng kula sami ngulungaken Panjenenganipun dhateng ing paukuman pejah, lajeng dipun salib. Mangka kula sadaya kala rumiyin sami gadhah pangajeng-ajeng, inggih Panjenenganipun punika ingkang rawuh badhe ngluwari bangsa Israel. Nanging sapunika sampun dumugi ing tigang dintenipun, sasampunipun punika wau sadaya kalampahan. Namung kemawon lajeng wonten tiyang estri sawatawis panunggilan kula ingkang sami damel kaget kula: Enjing umun-umun sampun sami dhateng ing pasarean, layonipun boten pinanggih. Lajeng sami wangsul, cariyos, bilih sami sumerep malaekat, ingkang sami ngandika, bilih Panjenenganipun gesang. Nunten wonten kanca kula sawatawis ingkang sami dhateng pasarean, dene pinanggihipun pancen leres ingkang dipun cariyosaken para tiyang estri wau, nanging boten sami sumerep Panjenenganipun.” 

Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Heh wong kang padha tanpa budi lan kang randhat ing pamikir, temah ora pracaya marang samubarang kabeh, kang wis kapangandikakake dening para nabi! Sang Kristus apa ora pinasthi nandhang iku mau kabeh, banjur lumebet ing kamulyane?” Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.

Bareng wis cedhak ing desa kang kaparanan, Gusti Yesus kaya-kaya arep nglajengake tindake. Nanging dicandhet dening wong-wong mau, unjuke: “Kula aturi kendel wonten ing griya kula, awit sampun ngajengaken dalu, surya sampun serap.” Panjenengane iya banjur lumebet karo wong-wong mau. 

Bareng lenggah arep dhahar bebarengan, nuli mundhut roti, diberkahi banjur dicuwil-cuwil, diparingake marang karone. Nalika iku mripate banjur kabuka, temah ora pangling karo Panjenengane, nanging Gusti Yesus banjur musna saka ing pandelenge. Wong loro mau tumuli padha sapocapan mangkene: “Atiku rak wis padha ngangah-angah, nalika Panjenengane ngandika marang aku kabeh ana ing dalan lan nalika Panjenengane nerangake Kitab Suci marang kowe lan aku?”

Banjur padha ngadeg lan bali menyang Yerusalem. Ana ing kono padha nyumurupi sakabat sawelas padha kumpulan karo para sadulur-sadulur liyane, sarta iku padha ngucap: “Gusti nyata yen wis wungu lan wis ngatingal marang Simon.” Wong loro mau iya tumuli nyaritakake lelakone ana ing dalan, sarta kapriye anggone mari pangling marang Gusti Yesus, sajrone nyuwil-nyuwil roti.

Nalika padha rembugan bab iku mau, Gusti dumadakan jumeneng ana ing tengahe sarta ngandika: “Tentrem rahayu anaa ing kowe kabeh.” 

Kabeh padha kaget kaworan wedi, lan ngira weruh memedi. Nanging Panjenengane banjur ngandika: “Yagene kowe padha kaget lan apa sababe dene kowe padha kethukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu? Delengen tanganKu lan sikilKu, iki Aku dhewe; grayangana Aku lan satitekna, yen memedi rak ora ana daginge lan balunge, kaya kang padha kokdeleng ana ing Aku iki.” 

Ngandika mangkono iku karo nedahake astane lan sampeyane. Bareng kabeh durung padha ngandel marga saka bungahe lan isih padha kaeraman, Panjenengane nuli ngandika: “Ing kene apa ana sing kena dipangan?” Banjur dicaosi iwak gorengan sairis. Iku tumuli ditampeni lan didhahar ana ing ngarepe wong-wong mau.

Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.” 

Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci. Pangandikane: “Ana kang katulisan mangkene: Sang Kristus pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinane wungu saka ing antarane wong mati. Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem. Dene kowe kang padha dadi seksine bab iku mau kabeh. Sabanjure kowe bakal padha Dakkirimi apa kang wis dijanjekake dening RamaKu. Nanging kowe padha anaa ing kutha kene dhisik, nganti kowe wis padha kaparingan kasekten saka ing ngaluhur.”

Sawise mangkono para sakabate banjur kadhawuhan ndherek Gusti Yesus menyang ing jaban kutha, menyang ing sacedhake desa Betania. Ana ing kono Panjenengane nuli ngangkat astane, para sakabat padha diberkahi, lan nalika mberkahi mau, Panjenengane banjur nilar para sakabate tuwin mitrane menyang ing swarga. Para sakabat banjur padha sujud nyembah marang Panjenengane, nuli padha bali menyang ing Yerusalem kalawan bungah banget, sarta tansah padha ana ing Padaleman Suci lan ngluhurake Gusti Allah.

Lukas

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Bungah lan Gumun

Sedanipun Gusti Yesus

Nalika padha ngirid Gusti Yesus iku, ana wong kang jenenge Simon, saka ing kutha Kirene, kang lagi teka bae saka ing jaban kutha, iku diandheg banjur dikon manggul salibe lan mlaku ing wingkinge Gusti Yesus. Sarta ana wong akeh kang padha ndherekake Panjenengane, akeh wong wadon panunggalane iku kang padha ngadhuh-adhuh lan nangisi Panjenengane. 

Gusti Yesus nuli minger mirsani wong-wong mau lan ngandika: “He anak-anake wadon Yerusalem, aja padha nangisi Aku, awakmu dhewe bae lan anak-anakmu padha tangisana! Amarga sumurupa, bakal tumeka ing wektune wong padha duwe pangucap mangkene: Rahayu wong wadon kang gabug, lan weteng kang ora tau nglairake anak, sarta susu kang ora tau nusoni. Wong-wong banjur bakal padha calathu marang gunung-gunung: Aku jugrugana! Lan marang punthuk-punthuk: Aku urugana! Amarga manawa kaya mangkene iki panggawene wong marang kayu kang urip, saya maneh kang garing bakal dikapakake?”

Ana durjana loro kang uga padha kairid kang bakal diukum pati bebarengan karo Panjenengane.

Satekane ing panggonan kang aran Pacumplungan, Gusti Yesus banjur disalib ana ing kono, mangkono uga durjana loro mau, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Gusti Yesus. Gusti Yesus tumuli munjuk: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken.” Pangagemane banjur kaedum-edum sarana kaundhi. 

Wong akeh padha ngadeg nonton. Para panggedhe padha nyenyampahi Panjenengane, pangucape: “Wong-wong liya padha dipitulungi, cikben saiki mitulungi Awake dhewe, manawa pancen Sang Kristus, Pilihane Gusti Allah!” 

Mangkono uga para prajurit iya padha memoyoki Panjenengane lan padha nyaosi anggur kecut karo ngucap: “Manawa Kowe ratune wong Yahudi, mara tulungana Awakmu dhewe!” 

Ing sadhuwure mustakane ana tulisan, kang unine mangkene: “Iki ratune wong Yahudi.”

Durjana kang padha digantung mau ana siji kang ngala-ala marang Gusti Yesus, pangucape: “Apa Kowe dudu Sang Kristus? Mara, tulungana Awakmu dhewe lan aku kabeh.” 

Nanging sing siji banjur nyaruwe dheweke, ujare: “Apa kowe ora wedi, uga ora wedi marang Gusti Allah, mangka kowe tampa paukuman padha? Aku lan kowe iku pancen wis sabenere diukum, padha tampa piwales kang murwat karo panggawe kita, bareng Panjenengane iki ora nindakake kaluputan apa-apa.” 

Banjur munjuk: “Dhuh Gusti Yesus, mugi Paduka karsaa ngengeti dhateng kawula, manawi Paduka rawuh ing Kraton Paduka.” 

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene ing dina iki uga kowe bakal bebarengan karo Aku ana ing Pirdus.”

Bareng watara jam rolas, banjur ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh, nganti jam telu amarga srengenge ora sumorot. Kacarita gubahing Padaleman Suci suwek ing tengah dadi loro. Gusti Yesus banjur nguwuh kalawan swara sora: “Dhuh Rama, Kawula masrahaken nyawa Kawula wonten ing asta Paduka.” Sawise matur mangkono banjur masrahake nyawane. 

Nalika panggedhening prajurit nyumurupi lelakon iku, tumuli ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Nyata, yen Wong iki tanpa kaluputan.” Sakehe wong kang padha gegrombolan nonton, bareng wis nyumurupi apa kang kalakon mau, padha mulih kalawan tebah-tebah dhadha. Sakabehe wong kang wis wanuh marang Gusti Yesus, kalebu uga para wong wadon kang padha ndherekake Panjenengane saka ing tanah Galilea, padha ngadeg ana ing kadohan, ndeleng lelakon iku kabeh.

Ana wong kang jenenge Yusuf, warganing Pradata Agung, wong kang becik lan mursid. Iku ora melu nyarujuki putusan lan tumindaking Pradata, asale saka ing Arimatea, sawijining kutha Yahudi, kang nganti-anti marang Kratoning Allah. Iku seba ing ngarsane Sang Pilatus, nyuwun layone Gusti Yesus. Sawise layon diandhapake, banjur diulesi mori alus, sarta disarekake ing kubur kang tinatah ing pepunthuk parang, tuwin kang durung tau kanggo. Nalika samana pinuju dina pacawisan, ngarepake Sabat.

Apamaneh wong-wong wadon kang wis ndherekake Gusti Yesus saka ing tanah Galilea, iku iya padha melu ngiringake sarta maspadakake pasarean mau lan patrap anggone nyarekake layone. Saulihe banjur padha nyawisake anggi-anggi lan lenga jebad. Dene ing dina Sabat padha leren, netepi ing angger-angger.

Lukas

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Sedanipun Gusti Yesus

Keputusan Sing Salah

Anadene Gusti Yesus dipoyoki dening wong-wong, kang padha nahan Panjenengane, sarta digebugi. Pasuryane ditutupi dening wong-wong lan disuwuni pirsa: “Coba, bedheken sapa kang nggebugi Kowe iku?” Aliya iku isih akeh maneh panguman-umane marang Panjenengane.

Bareng esuke para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Toret padha nganakake parepatan, Gusti Yesus banjur diladekake marang ngarsane pradataning agamane. Nuli didangu: “Manawa Kowe iki Sang Kristus, kandhaa marang aku kabeh.”

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku kandhaa marang kowe kabeh, kowe bakal padha ora ngandel; lan sanadyan Aku takona apa-apa, kowe kabeh bakal ora mangsuli. Wiwit saiki Putraning Manungsa wis lenggah ana ing satengening Allah Kang Mahakuwasa.” 

Wong-wong mau banjur padha calathu: “Yen mangkono, Kowe iku Putraning Allah?”

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe dhewe padha kandha, yen Aku iki Putraning Allah.” 

Banjur padha calathu: “Apa prelune kita isih padha golek paseksi maneh. Kita wis padha krungu dhewe saka pangucape.”


Ing kono kabeh warga pradata banjur padha ngadeg, Gusti Yesus diladekake marang ngarsane Sang Pilatus. Nuli wiwit padha nggugat, ature: “Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih Tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung, saha ngaken, bilih Piyambakipun punika Sang Ratu.” 

Sang Pilatus banjur ndangu marang Gusti Yesus: “Punapa Panjenengan punika Ratunipun tiyang Yahudi?”

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan piyambak sampun mastani.” 

Sang Pilatus nuli ngandika marang para pangareping imam lan marang wong akeh iku: “Tumraping aku wong iki ora tinemu kaluputane.” 

Nanging wong-wong mau saya banget panggugate, ature: “Tiyang punika damel balelanipun rakyat kalayan piwulangipun wonten ing tanah Yudea sadaya, kawiwitan wonten ing tanah Galilea, lan sapunika sampun dumugi ing ngriki.” 

Bareng midhanget atur mangkono iku Sang Pilatus banjur ndangu, apa Wong iku wong Galilea. Bareng mirsa yen Gusti Yesus iku kalebet bawahe Sang Prabu Herodhes, nuli kaladosake marang ngarsane Sang Prabu Herodhes, kang ing wektu iku pinuju ana ing kutha Yerusalem.

Bareng Sang Prabu Herodhes mirsa Gusti Yesus, banget renane, amarga wis suwe anggone kapengin mirsa, awit wis kerep mireng bab Panjenengane, apadene ngajeng-ajeng nguningani anggone nganakake pratandha. Akeh kang didangokake marang Gusti Yesus, nanging Panjenengane ora paring wangsulan sathithik-thithika. Nalika samana para pangareping imam lan para ahli Toret padha maju lan ngaturake panggugat-panggugat kang abot. Sang Prabu Herodhes dalah para prajurite banjur padha nglelingsem lan moyoki Panjenengane, tumuli diagemi jubah kang endah banget sarta banjur diwangsulake marang ngarsane Sang Pilatus. Ing dina iku uga Sang Prabu Herodhes karo Sang Pilatus banjur padha memitran, awit maune padha sesatron.

Sang Pilatus banjur nimbali para pangareping imam lan para panggedhe sarta wong akeh, padha kadhawuhan nglumpuk, nuli padha dipangandikani mangkene: “Kowe padha ngladekake Wong iki marang aku kokdakwa gawe balelaning rakyat. Kowe padha sumurup dhewe, yen wis dakpriksa, nanging mungguh ing aku bab kang kokgugatake kabeh tumrap Wong iku ora tinemu ana ing Dheweke. Dalasan Sang Nata Herodhes iya ora, sabab Wong iku banjur dibalekake mrene. Satemene apa kang ditindakake iku ora ana kang katrap ing paukuman pati. Mulane mung bakal dakajar, banjur dakluwari.” ( Sabab Panjenengane ing dina riyaya iku wajib ngluwari wong siji kanggo wong-wong mau.) 

Nanging wong kabeh mau tumuli padha nguwuh-uwuh bebarengan: “Kasirnakna Tiyang punika! Barabas kaluwarana!” Barabas iku kalebokake ing pakunjaran marga kasangkut ing pambrontakan ing sajroning kutha lan gawe pepati. 

Sang Pilatus ngandikani maneh marang wong-wong mau, karsane ngluwari Gusti Yesus. Nanging wong-wong padha mangsuli kanthi keras uga panguwuhe: “Kasaliba, kasaliba!” 

Pangandikane Sang Pilatus kang kaping telune: “Nglakoni piala apa ta Wong iki sabenere? Aku ora bisa nemokake kaluputane kang kena ing paukuman pati. Dadi mung bakal dakajar banjur dakluwari.” 

Nanging kalawan bengok-bengok wong-wong padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengane kasalib, lan wekasane wong-wong mau menang kalawan bengok-bengok iku. Sang Pilatus banjur ndhawuhake karampungan, panyuwune wong-wong mau dikabulake. Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokake ing pakunjaran marga kasangkut ing pambrontakan lan mateni wong, ngetrepi panyuwune wong-wong mau, dene Gusti Yesus nuli kapasrahake marang wong-wong mau ing sakarep-karepe.

Lukas

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Keputusan Sing Salah

Pengkhianatan

Gusti Yesus banjur miyos tedhak menyang ing gunung Zaitun kaya adate, kadherekake dening para sakabate uga. Sarawuhe ing kono, para sakabate padha dipangandikani: “Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebu ing panggodha.” 

Panjenengane banjur misah dohe kira-kira sapambalang, nuli jengkeng ndedonga, ature: “Dhuh Rama, manawi Paduka marengaken, mugi tuwung punika kapundhuta saking Kawula. Nanging sampun pikajeng Kawula, namung karsa Paduka ingkang kalampahana.” 

Banjur dikatingali malaekat saka ing langit kang nyantosakake Panjenengane. Panjenengane giris banget lan saya ngepeng anggone ndedonga. Riwene nganti kaya tetesing getih kang padha tumiba ing lemah.

Banjur jumeneng saka anggone ndedonga lan tindak murugi para sakabate, ketemu padha turu, marga saka susahe. Nuli padha dipangandikani: “Yagene kowe padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha klebu ing panggodha.”

Sajrone isih ngandika, ana wong sagrombolan teka, kairid dening sawijining panunggalane sakabat rolas kang jenenge Yudas, iku banjur mrepeki Gusti Yesus arep nucup. Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Heh, Yudas, anggonmu ngulungake Putraning Manungsa apa sarana nucup?” 

Kang padha ndherek Gusti Yesus, bareng ngreti apa kang bakal kalakon banjur padha munjuk: “Gusti, punapa kepareng kawula pedhang?” Sawijining panunggalane tumuli medhang abdine Imam Agung, kupinge tengen kaperung. 

Nanging Gusti Yesus ngandika: “Wis ta, samono bae! Kupinge banjur kaasta kawarasake.

Gusti Yesus tumuli ngandika marang para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci sarta para pinituwa kang padha teka sumedya nyekel Panjenengane: “Apa Aku iki kokanggep begal, dene anggonmu padha teka sikep gegaman pedhang lan penthung? Mangka saben dina Aku ana ing tengahmu, ana ing Padaleman Suci, kowe ora padha nyekel Aku. Nanging iki wektumu, lan iya iki panguwasane pepeteng iku.”

Gusti Yesus banjur dicepeng lan digawa lunga saka ing panggonan kono, diirid menyang ing daleming Imam Agung. Anadene Petrus ngetutake saka ing kadohan. Wong-wong padha gawe bedhiyang ana ing satengahing plataran lan banjur padha linggih ngubengi bedhiyang iku. Petrus iya melu linggih ing kono. Nuli ana parekan weruh Petrus linggih ing ngarepe bedhiyang, banjur ditamatake, tumuli alok: “Wong iku iya tetunggalan karo Dheweke.” 

Nanging Petrus selak, pangucape: “Boten, kula boten wanuh kalih wong niku!” 

Ora let suwe ana wong liyane kang weruh dheweke lan banjur calathu: “Samang niku enggih tunggale.”

Nanging wangsulane Petrus: “Dede, kula dede.” 

Lan kira-kira let sajam ana wong liyane maneh kang calathu tanpa ringa-ringa: “Tenan, wong iki iya tunggale Dheweke, sabab iki iya wong Galilea.” 

Nanging Petrus mangsuli, pangucape: “Dede, kula boten ngreti sing mang kandhakke niku.”

Sanalika iku uga, bareng Petrus wis kandha mangkono iku, ana jago kluruk. Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan, yen Gusti wis ngandika marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.” Petrus nuli metu lan nangis kelara-lara.

Lukas

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Pengkhianatan

Janji Anyar

Nalika samana wis ngarepake riyaya Roti Tanpa Ragi, kang aran Paskah. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan, anggone bisa nyedani Panjenengane, amarga padha wedi karo wong akeh.

Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalane sakabat rolas tumuli kasurupan dening iblis, banjur lunga marani para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci, prelu rembugan bab anggone bakal ngulungake Gusti Yesus. Iku padha bungah lan sarujuk bakal padha aweh opah. Yudas nyaguhi sarta wiwit nalika iku tansah golek dalan bisane ngulungake Gusti Yesus, ora nganti kasumurupan ing wong akeh.

Bareng dina riyaya Roti Tanpa Ragi, yaitu dina anggone wong-wong padha nyembeleh cempening Paskah, Gusti Yesus banjur ngutus Petrus lan Yokanan, dhawuhe: “Kowe padha lungaa, nyawisna Paskah kang bakal padha dakpangan.” 

Unjuke wong loro mau: “Karsa Paduka anggen kawula sami nyawisaken wonten ing pundi?” 

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha lumebu ing kutha, kowe bakal kepethuk wong kang nggawa kendhi isi banyu, iku banjur etutna tekan ing omah kang dileboni lan matura marang kang duwe omah iku: Sang Guru ndangu dhateng panjenengan: Endi kamare, sing kena Dakanggo mangan Paskah bebarengan karo para sakabatKu? Wong iku banjur nuduhake marang kowe kamar gedhe ing dhuwur kang wis katata miranti. Kowe padha nganakna pacawisan ana ing kono.” 

Karone banjur padha mangkat, tinemune iya trep kaya kang kapangandikakake dening Gusti Yesus. Nuli padha nyawisake Paskah.

Bareng wis tumeka ing wayahe, Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasule. Tumuli padha dipangandikani: “Aku wis kapengin banget mangan Paskah iki bebarengan karo kowe kabeh, sadurunge Aku nandhang sangsara. Awit Aku pitutur marang kowe: Aku ora bakal mangan iku maneh, nganti tumekane iku wis kayektenan ana ing Kratoning Allah.” 

Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut tuwung, saos sokur nuli ngandika: “Iki tampanana lan edumen kang warata, sabab Aku pitutur marang kowe: wiwit saiki iki Aku ora bakal ngombe pametuning wit anggur maneh, nganti tumeka sawise Kratoning Allah rawuh.” 

Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sakabat kalawan ngandika: “Iki badanKu kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.” 

Mangkono uga tuwunge sawise dhaharan, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang sarana getihKu, kang kawutahake marga saka kowe!

Nanging, lah tangane wong kang ngulungake Aku, nunggal karo Aku ana ing meja kene. Sabab Putraning Manungsa pancen bakal jengkar miturut ing pepesthen, nanging bilai wong kang dadi margane anggone kaulungake.” Banjur padha wiwit takon-tinakon, panunggalane iku sapa baya kang bakal tumindak mangkono.

Kacarita para sakabat iya padha diya-diniya bab panunggalane sapa kang bakal dianggep dhuwur dhewe. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Ratu-ratune para bangsa iku mrentah marang kawulane lan kang padha nguwasani iku diarani pangayoman. Nanging kowe kabeh iku ora mangkono, malah kang dhuwur dhewe ana ing antaramu iku dadia kaya kang anom dhewe lan kang dadi panuntun dadia kang ngladeni. Amarga sapa ta kang luwih dhuwur: kang linggih mangan, apa kang ngladeni? Rak kang linggih mangan? Ananging Aku iki ana ing tengah-tengahmu kayadene kang ngladeni. Kowe kabeh iku kang tansah tetunggalan karo Aku sajrone Aku kena ing godha-rencana. Sarta Aku wus nyawisake Kraton kanggo kowe kabeh kayadene RamaKu wus nyawisake marang Aku, supaya kowe padha bisa mangan lan ngombe tunggal sameja karo Aku ana ing KratonKu. Apamaneh kowe bakal padha linggih ing dhampar lan ngadili talere Israel rolas.”

“Simon, Simon, lah Iblis banget anggone nginteri kowe kabeh, kaya gandum, nanging kowe wis dakdongakake, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowe, manawa wis mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna.” 

Atur wangsulane Petrus: “Gusti, kawula cumadhang mbelani Paduka, sanadyan ngantosa dipun kunjara lan dumuginipun pejah pisan.” 

Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku pitutur marang kowe, Petrus: ing dina iki bakal ora ana jago kluruk, sadurunge kowe nyelaki Aku nganti ping telu.”

Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Nalika kowe padha dakutus kae, ora nggawa rajut, kanthong utawa trumpah, apa kowe tau padha kekurangan apa-apa?” 

Ature para sakabat: “Boten babar pisan.”

Pangandikane Gusti Yesus: “Nanging saiki iki, sing sapa duwe rajut, kagawaa, mangkono uga kang duwe kanthong; lan kang ora duwe pedhang, ngedola jubahe kanggo tuku. Amarga Aku pitutur marang kowe, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektenan tumraping Aku: Panjenengane bakal kaetang kagolongake para durjana. Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kalakon.” 

Unjuke para sakabat: “Gusti, punika wonten pedhang kalih.”

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wis cukup.”

Lukas

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Janji Anyar

Tetep Mantep

Bareng Gusti Yesus tumenga, mirsa wong-wong sugih padha nglebokake pisungsunge ana ing pethi pisungsung. Tumuli iya mirsani randha miskin kang nglebokake pisungsung rong igar. 

Banjur ngandika: “Aku pitutur marang kowe: Satemene kang dipisungsungake randha miskin iku luwih akeh katimbang wong kabeh iku. Amarga wong-wong kabeh iku ngaturake pisungsung saka kasugihane, nanging randha iki ngaturake saka ing kamiskinane, malah nyaosake sakabehing darbeke kang kanggo urip.”

Bareng ana wong sawatara kang padha rembugan bab Padaleman Suci lan padha ngalem dene nganggo rinengga ing watu-watu kang endah sarta pisungsung warna-warna, Gusti Yesus banjur ngandika: “Apa kang padha kokdeleng iku bakal tumeka ing wektu ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane; kabeh bakal padha digempur.”

Wong-wong mau banjur padha matur pitakon: “Guru, benjing punapa kalampahanipun punika? Saha punapa ngalamatipun manawi punika badhe kalampahan?” 

Paring wangsulane: “Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake. Amarga bakal ana wong akeh kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki Panjenengane lan iki wus ndungkap wektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wong iku. Sarta manawa kowe krungu pawarta bab peperangan lan kraman, aja padha kaget. Awit iku kabeh mesthi kudu kalakon dhisik, ewadene iku durung ateges, yen bakal enggal tumeka ing wekasaning jaman.”

Panjenengane banjur ngandika marang wong-wong mau: “Bakal ana bangsa kang nglawan padha bangsa, karajan nglawan padha karajan, lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana kene bakal ana pageblug pes lan pailan, apadene bakal kalakon uga ana bab-bab kang ngagetake tuwin ilapat-ilapat kang nggegirisi saka ing langit. 

“Nanging sadurunge iku kabeh, kowe bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowe bakal dipasrahake menyang ing papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ing ngarsane para ratu lan para panguwasa marga saka jenengKu. Iku bakal dadi jalarane kowe kabeh bakal padha nglairake paseksen. Mulane sing padha mantep bae, aja ngrancang-ngrancang dhisik bab kapriye anggonmu bakal mangsuli. Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu. Apamaneh kowe bakal iya padha diulungake dening wong tuwamu, sadulur-sadulurmu, kadang-kadeyanmu lan pawong mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipateni, apadene kowe bakal padha disengiti dening wong kabeh marga saka jenengKu. Nanging ora ana rambutmu saeler bae kang bakal ilang. Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu.”

“Manawa kowe nyumurupi kutha Yerusalem kakepung ing wadyabala, mangretia, yen gempure wis cedhak. Ing nalika iku wong-wong kang ana ing tanah Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan, lan wong-wong kang ana ing jero kutha padha sumingkira, sarta wong-wong kang ana ing padesan aja lumebu ing kutha maneh, amarga yaiku mangsa tekane piwales, kang dadi kayektene sabarang kang wis katulisan kabeh. Nanging mesakake banget para wong kang lagi ngandheg, utawa kang lagi nusoni bayi ing wektu iku! Amarga bakal ana kasangsaran gedhe ing saindenging nagara lan bangsa iki bakal tampa deduka. Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”

“Apadene bakal ana ilapat-ilapat ing srengenge, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumlegering sagara lan alun. Wong-wong bakal padha semaput dening giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagad; amarga kabeh panguwasaning langit bakal gonjing. Ing nalika iku wong bakal padha nyumurupi Putraning Manungsa rawuh nitih mega, ngagem panguwasa lan kamulyan gedhe. Anadene manawa iku kabeh wiwit kalakon, padha njenggeleka lan tumengaa, amarga wis cedhak anggonmu bakal kaluwaran.”

Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Padha mawanga wit anjir lan wit apa bae. Manawa kowe padha nyumurupi yen wis padha semi, kowe padha ngreti dhewe, yen wis ngarepake mangsa panas. Mangkono uga manawa kowe padha nyumurupi lelakon mau, padha mangretia yen Kratoning Allah wis cedhak. 

“Aku pitutur marang kowe: Satemene jinis iki bakal ora sirna sadurunge iku mau kalakon kabeh. Langit lan bumi bakal padha sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna babar pisan.”

“Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret. Amarga iku bakal nungkebi marang sakabehing wong kang dumunung ing bumi iki. Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”

Kacarita Gusti Yesus yen awan memulang ana ing Padaleman Suci, dene yen bengi miyos lan lereb ana ing gunung kang aran gunung Zaitun. Lan esuke wong-wong kabeh padha sowan ing ngarsane ana ing Padaleman Suci, ngrungokake pangandikane.

Lukas

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Tetep Mantep

Babagan Masa Depan

Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara. Wong-wong mau padha ngaturake pitakonan marang Panjenengane mangkene: “Guru, kula sami mangretos, bilih sadaya pangandika tuwin piwulang Panjenengan punika leres sarta bilih Panjenengan boten pados pangalembana, nanging kalayan temen-temen mulangaken margining Allah. Kula sami ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?” 

Nanging Gusti Yesus ora kakilapan marang kaculikane wong-wong mau, mulane banjur ngandika:  “Aku tuduhana dhuwit dinar. Iki gambare sapa lan iki tulisane sapa?”

Atur wangsulane kang kadangu: “Gambaripun lan seratanipun Sang Nata Agung.” 

Gusti Yesus nuli ngandika: “Yen mangkono, Sang Nata Agung caosana kang wajib kokcaosake marang Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang wajib kacaosake marang Gusti Allah.” 

Dadine Gusti Yesus ora kena dicengkolong ana ing ngarepe wong akeh. Wong-wong mau padha kaeraman krungu paring wangsulane iku lan banjur padha meneng.

Nuli ana wong Saduki sawatara, yaiku kang ora ngakoni anane patangen, padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan matur pitakon marang Panjenengane: “Guru, Nabi Musa paring dhawuh dhateng kula sadaya makaten: Manawa ana wong kang duwe sadulur lanang, tinggal donya, mangka bojone isih urip, nanging ora tinggal anak, sadulure mau wajib ngrabeni bojone iku, supaya bisa nukulake turun kanggo sing tinggal donya mau. Kalampahan wonten sadherek jaler pitu, ingkang angka satunggal emah-emah, wusana lajeng tilar donya boten tilar anak. Tiyang estri wau lajeng kaningkah dening ingkang angka kalih, lajeng kaningkah dening ingkang angka tiga, tuwin makaten salajengipun, urut-urutan karabi dening sadherek pitu wau, nanging sadaya sami ngajal boten tilar anak. Wekasanipun tiyang estri punika inggih tilar donya. Lah sapunika kadospundi tiyang estri punika, benjing dinten patangen, lajeng sinten ingkang dados semahipun, amargi pitu-pitunipun sami nate dados semahipun?” 

Gusti Yesus nuli paring wangsulan, pangandikane: “Wong-wong ing donya iki, padha omah-omah lan diomah-omahake, nanging wong-wong kang padha kaanggep pantes tampa panduman ana ing jagad liyane iku, lan ana ing patangen saka ing antarane wong mati, iku bakal ora omah-omah lan ora diomah-omahake. Sabab padha ora bisa mati maneh; kaanane kaya para malaekat sarta padha dadi putraning Allah, awit wis padha katangekake. Anadene mungguh tangine wong mati iku, Nabi Musa iya wis mratelakake ana ing sajroning carita bab grumbul eri, anggone nyebut Pangeran: Allahe Abraham, Allahe Iskak, tuwin Allahe Yakub. Panjenengane iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip, awit kang ana ing ngarsane kabeh iku wong urip.” 

Krungu pangandika kang mangkono iku banjur ana ahli Toret sawatara matur: “Guru, paring wangsulan Panjenengan punika kasinggihan sanget.” Awit wong-wong mau wis padha ora wani matur pitakon apa-apa maneh marang Gusti Yesus.

Gusti Yesus banjur ndangu marang wong-wong mau: “Kapriye dene wong kok bisa ngarani Sang Kristus iku tedhake Sang Prabu Dawud, mangka Sang Prabu Dawud piyambak ana ing Kitab Masmur ngandika mangkene: Dhawuhe Pangeran marang Gustiku: Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wis padha Ingsun dadekake ancik-anciking talapakanira.

Dadi Sang Prabu Dawud nyebut Panjenengane Gusti, kapriye dene uga dadi tedhake?”

Nalika wong kabeh padha ngrungokake, Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate: “Padha ngawekanana para ahli Toret, kang padha seneng mlaku-mlaku nganggo jubah landhung lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar sarta seneng linggih ing ngarep dhewe ana ing papan pangibadah lan ing papan kang ingajenan ana ing pahargyan, kang padha mangan omahe randha-randha nganti entek, sarta kang nasarake wong kalawan donga kang dawa-dawa. Wong iku mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.”

Lukas

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Babagan Masa Depan

Mung Siji Pitakonan

Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang marang wong akeh ana ing Padaleman Suci sarta martakake Injil, para pangareping imam, para ahli Toret lan para pinituwa padha sowan ing ngarsane tuwin munjuk marang Gusti Yesus: “Kula sami kapangandikanana, menggah anggen Panjenengan nindakaken samukawis sadaya punika kanthi panguwaos ingkang pundi, saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?” 

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku iya arep takon saprakara marang kowe. Aku kandhanana: Pambaptise Nabi Yokanan iku saka swarga apa saka manungsa?” 

Wong-wong mau banjur padha rembugan, ujare: “Manawa aku padha kandha: Saka ing swarga, Dheweke mesthi calathu: Yagene kowe padha ora nganggep? Nanging yen aku padha kandha: Saka manungsa, wong-wong mesthi bakal padha mbenturi watu marang kita, amarga padha yakin, yen Yokanan iku nabi.” 

Nuli padha matur, yen padha ora ngreti saka ngendi baptisane iku. 

Gusti Yesus banjur ngandika: “Yen mangkono Aku iya ora gelem kandha marang kowe, kalawan panguwasa sing endi anggonKu nglakoni samubarang kabeh iku.”

Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene marang wong akeh: “Ana wong gawe pakebonan anggur, nuli disewakake marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang ing tanah ngamanca nganti sawatara lawase. Bareng wis tumeka ing mangsane, tumuli kongkonan batur siji nemoni wong-wong mau, padha dikon ngladekake pandumaning pametune pakebonan. Nanging batur iku banjur digebugi dening wong-wong tani mau, lan dikon bali nglenthung. Sawise mangkono dheweke kongkonan batur liyane, nanging iku iya digebugi lan diwirang-wirangake dening para wong tani mau lan dikon bali nglenthung. Sabanjure nuli kongkonan maneh kang kaping telune, nanging iku iya ditatoni dening wong-wong mau sarta tumuli diuncalake menyang ing sajabaning kebon. 

Kang duwe pakebonan banjur calathu mangkene: Apa saiki sing kudu daktindakake? Dakkongkonan anakku kang kekasih, mesthi bakal dieringi. 

Nanging bareng wong-wong tani iku weruh anake mau, banjur padha rembugan: Iku ahli-warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh. Anake mau banjur diuncalake menyang ing sajabaning pakebonan anggur sarta banjur dipateni.

Saiki apa kang bakal dilakoni dening kang duwe pakebonan anggur iku tumrap wong-wong mau? Dheweke bakal teka lan nyirnakake wong-wong tani mau sarta kebone anggur banjur disewakake marang wong-wong liyane.”

Krungu kang mangkono iku wong-wong mau banjur kandha: “Aja pisan-pisan nganti kalakon iku!” 

Nanging Gusti Yesus tumuli mandeng marang wong-wong iku lan ngandika: “Manawa mangkono apa tegese nas iki: Watu kang tinampik dening para juru gawe omah, iya iku kang wis dadi watu ing pojok.

Sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur, lan sing sapa ketiban, bakal remuk.”

Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.

Lukas

Dipublikasi di Buku, Katresnan, Sastra, Urip | Tag , , , , , , , , | Komentar Dinonaktifkan pada Mung Siji Pitakonan