Dadi Wicaksana

Aku njaluk kawigatènmu tumrap Fébé, sadulur wanita tunggal pracaya kang dadi pelados ana ing pasamuwan Kéngkréa, supaya koktampani ana ing patunggilané Gusti, kanthi patrap kang samesthiné tumrap para suci, sarta wènèhana, pitulungan samangsa dibutuhaké. Sabab wong iku wus awèh pitulungan marang wong akèh, klebu aku dhéwé.

Salam marang Priska lan Akwila, kanca-kancaku sapagawéan ana ing Kristus Yésus. Wong-wong mau wus padha ngetohaké nyawané kanggo uripku. Ora mung aku baé kang awèh panarima, nanging iya sakèhing pasamuwan kang dudu Yahudi. Uga salam marang pasamuwan kang ana ing omahé. 

* * *

Nanging kowé padha dakpituturi, para Sadulur, padha diwaspada marang para wong kang nyebar pasulayan, gawé sandhungan, cengkah karo piwulang kang wis koktampa. Singkirana wong-wong iku. Sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, padha ora lelados marang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetengé dhéwé. Lan kanthi tetembungan kang muluk-muluk sarta basané kang manis, padha ngapusi marang wong-wong kang tulus atiné. Pawarta bab kasetyanmu wus keprungu wong akèh. Mulané aku bungah banget ing ngatasé kowé. Nanging karepku, kowé padha wicaksanaa tumrap apa baé kang becik sarta kalis saka sarupaning piala. 

Allah, kang dadi etuking tentrem-rahayu, bakal énggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakané sikilmu.

Sih-rahmaté Yésus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh.

Salam marang kowé kabèh saka Timotius, kancaku sapagawéan, lan saka Lukius, Yason apadéné Sosipatèr, kanca-kancaku tunggal bangsa.

Kula Tèrtius ingkang nyerat serat punika, inggih kintun salam dhateng panjenengan sadaya ing patunggilanipun Gusti.

Salam marang kowé kabèh saka Gayus, kang awèh panginepan marang aku, lan marang pasamuwan kabèh. Salam marang kowé kabèh saka Érastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita tunggal pracaya.

Kagem Panjenengané, kang kwasa nyantosakaké kowé kabèh, — manut Injil kang dakwartakaké, sarta pawarta bab Yésus Kristus, cocog karo kawiyaké wewadi kang sumimpen pirang-pirang abad lawasé, nanging kang saiki wis kababar, sarta wis kawartakaké déning kitab-kitabé para nabi, manut dhawuhé Allah kang langgeng marang sakèhing bangsa, kanggo nuntun marang ing pambangun-turuting pracaya — kagem Allah, iya mung Panjenengané piyambak kang kebak kawicaksanan, awit saka Yésus Kristus: sakèhing kamulyan langgeng ing salawas-lawasé! Amin.

Paulus

Pos ini dipublikasikan di Buku, Katresnan, Sastra, Urip dan tag , , , , , . Tandai permalink.